Jumat, 26 Oktober 2012

AKSARA JAWA

Angger bangsa utawa suku bangsa ing ndoya iki padha nduweni bahasa lan tulisan kang minangka dadi ciri khase dhewe-dhewe angger bangsa iku. Basa iku minangka kanggo sarana komunikasi utawa guneman kanggo wong siji lan sijine kang kepingin nguntapake kekarepan bathine marang wong liya. Panganggone basa iku ana sing dienggo mung ing kalangan masyarakat kono dhewe,lan ana uga kang dienggo  ing masyarakat regional, uga ana kang dienggo ing masyarakat saindhenging donya utawa internasional, kayata basa Inggris kang wis kawentar ing bebrayan ndonya.
Basa Jawa minangka salah sijining basa kang dienggo pacelathon ing babagan urip bebrayan ing komunitas Jawa ing ngendi wae ing salumahing bumi iki. Masyarakat Jawa migunakake basa Jawa iki kanggo sarana nguntabake kekarepan antarane wong sijilan sijine. Sakliyane iku uga murih  bisa amrih lestarine basa Jawa kang minangka salah sijine budhaya Jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar