Jumat, 26 Oktober 2012

Aksara DENTAWYANJANA

Aksara Dentawyanjana uga diarani Aksara Jawa yaiku aksara jawa kang cacahe 20 aksara mulai saka aksara Ha nganti Nga kang dienggo nulis tembung utawa ukara kang awujud basa tulis. Dene siji-sijine Aksara Jawa iki uga diarani Aksara Legena  kang tegese aksara kang isih durung diwenehi sandhangan apa-apa. Sanajan durung oleh sandhangan apa-apa nanging uga bisa dienggo nulis tembung utawa ukara.
Jangkepe Aksara Jawa yaiku :

Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga


Tidak ada komentar:

Posting Komentar